Selasa, 01 Januari 2013

Nggatra Bebuden Luhur Lumantar Pramuka

Klaten, - Jaman samangke jatidhiri lan bebuden luhur wiranem Indonesia  kawawas tansaya luntur.  Kangge nggatra bebuden luhur bangsa antawisipun kanthi kridha  pramuka. 

Pengurus Kwarcab Kabupaten Klaten, Agus Widodo nalika biwarakaken undang-undang nomor kalih welas taun kalih ewu sedasa babagan  gerakan pramuka ing Kecamatan Gantiwarno, ngandharaken,  lampah durjana ingkang asring dipun giyaraken ing  televisi  sakelangkung mrihatosaken, lan mutawatosi tumrap gesanging bangsa lan nagari  menawi wiwit samangke boten  tumuli dipun awekani. Trep kaliyan  undang-undang nomer kalih welas kasebat,  saben bebadan saged  ndhapuk kepanduan utawi bebadan kepramukaan,  awit salebeting gerakan pramuka kamot  piwucal disiplin, prasaja, patriotisme sarta nggatra bebuden luhur.

Pangajabipun Camat Gantiwarno, Dwi Purwanto,  sedaya  elemen masyarakat lan jagad pendidikan tumuli ngecakaken undang-undang kasebat.

Sumber :  jogjatv

0 komentar:

Posting Komentar